Senin, 05 Maret 2012

Tips Ngadepi Ujian Nasional

Ujian Nasional? 
Ujian Nasional kuwe masa penentuane bocah-bocah sekolah bakalan bisa nglanjut maring tingkat sing selanjute apa ora.
Ujian  Nasional paling diwedhini daning para pelajar?

Ya emang sih mesti ana perasaan khawatir sing berlebihan sing dirasakna pelajar kanggo ngadepi UN. Tapi perasaan kuwe malah bisa ngganggu masa sinaune pelajar, soale bisa nggawe stres.
Tapi, kuwe bisa diatasi dong dhewek emang wis siap ngadepi UN. Nah kiye ana Tips Sederhana kanggo ngadepi UN :
  1. Sinau
    Kiye tips sing paling penting loh kanca-kanca! Dong ora sinau, mengko dhewek ora bakalan bisa ngerjakna soal-soal UN. Sinaune sing teratur, aja sembarangan eben manjing neng pikirane dhewek;
  2. Sering Ngerjakna Soal-soal Latian Tips kiye bisa nuntun dhewek kanggo ngadepi soal-soal UN;
  3. Diskusi Diskusi karo kanca-kanca bisa nambah pengetahuane dhewek. Sing maune ora ngerti bisa dadi ngerti;
  4. Kursus / BimbelKursus/melu bimbel kanggo nambahi materi sing dikuasani;
  5. Atur Jadwal Jadwal kegiatan keh perlu loh cah... coba bae dhewek ora ngatur jadwal kegiatane dhewek, bisa-bisa morak-marik ora nggenah;
  6. Siap Fisik karo MentalKesiapan fisik karo mental kuwe perlu, ben dhewek ora kaget ngadepi UN;
  7. Njaga Kesehatan
    Jaga kesehatane, aja nganti dong pan UN meriang. Mangan, istirahat sing teratur;
  8. Njaluk RestuAja klalen njaluk restu maring wong tuwa, sedhulur-sedhulur, guru-guru, lan kanca-kanca;
  9. Do'a, Pendekatan Dhiri Marang Sing KuasaHal kiye ya penting nemen loh cah... Akeh-akeh manjatna do'a marang Gusti Allah, terus njalanaibadah sholat lan liya-liyane;
  10. Tawakal
    Dong wis nglakukna usaha karo do'a, sak uwise nyerahna dhiri marang Gusti Allah..

    Nah, nang ndhuwur mau kuwe tips sederhanane ngadepi UN. Semoga ana manfaate ya cah... Amin.. :)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar