Senin, 05 Maret 2012

Ponggol Setan Khas Tegal

Ponggol setan sapa sih sing ora ngarti panganan khas Tegal sing siji kiye? Panganan siji kiye kweh rasane sedeeeep nemen cah :D
Ponggol-ponggol sing biasane kan sega putih dicampuri sambel goreng tempe karo endhog, terus biasane ana geseke. Lah bedane karo ponggol setan kuwe apa?
Memang katone tah laka bedane oh. Tapi coba keh cah dirasakna! Mugane diarani PONGGOL SETAN, soale rasane sambel gorenge sing pedes nemen cah! Tapi maksude dudhu wonge sing bar mangan ponggol setan terus wujude dadi kaya setan loh.... Hahaha :D 
Ponggol setan ora cuma bisa dinikmati neng Tegal tok, neng luar kota Tegal ya ana loh.. Tapi panganan kiye tetep khase Tegal. Penikmate ponggol setan akeh nemen, makane saiki akeh wong pada dodol ponggol setan sih soale laris..
Wah nggo kanca-kanca sing durung pernah nyoba, kudhu nyoba keh ya... Murah, sederhana, sedep maning ! Wah wah.... 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar