Senin, 05 Maret 2012

Ponggol Setan Khas Tegal

Ponggol setan sapa sih sing ora ngarti panganan khas Tegal sing siji kiye? Panganan siji kiye kweh rasane sedeeeep nemen cah :D
Ponggol-ponggol sing biasane kan sega putih dicampuri sambel goreng tempe karo endhog, terus biasane ana geseke. Lah bedane karo ponggol setan kuwe apa?
Memang katone tah laka bedane oh. Tapi coba keh cah dirasakna! Mugane diarani PONGGOL SETAN, soale rasane sambel gorenge sing pedes nemen cah! Tapi maksude dudhu wonge sing bar mangan ponggol setan terus wujude dadi kaya setan loh.... Hahaha :D 
Ponggol setan ora cuma bisa dinikmati neng Tegal tok, neng luar kota Tegal ya ana loh.. Tapi panganan kiye tetep khase Tegal. Penikmate ponggol setan akeh nemen, makane saiki akeh wong pada dodol ponggol setan sih soale laris..
Wah nggo kanca-kanca sing durung pernah nyoba, kudhu nyoba keh ya... Murah, sederhana, sedep maning ! Wah wah.... 

Cara Nggawe Akun YMail

Nggo sing durung nduwe akun YMail, keh tak jelasna carane :
  1. Manjing ndisit maring www.yahoo.com
  2. Nah, mengko ana tampilan halaman sing kaya kiye,

 3. Bar diklik, muncul halaman kaya kiye, saben kolom diisi data pribadine dhewek-dhewek

4. Dong wis diisi kabeh,
5. Nah, sing terakhir, ana tampilan kaya kiye,

 6. Horeee wis rampung ! Tinggal dinggo bae akun YMail sing wis digawe mau...

Gampang oya, cah? Wis gagian coba nggawe terus mulai YMan oh... ok?
Semoga ana manfaate ya kanca-kanca :D
 

Tips Ngadepi Ujian Nasional

Ujian Nasional? 
Ujian Nasional kuwe masa penentuane bocah-bocah sekolah bakalan bisa nglanjut maring tingkat sing selanjute apa ora.
Ujian  Nasional paling diwedhini daning para pelajar?

Ya emang sih mesti ana perasaan khawatir sing berlebihan sing dirasakna pelajar kanggo ngadepi UN. Tapi perasaan kuwe malah bisa ngganggu masa sinaune pelajar, soale bisa nggawe stres.
Tapi, kuwe bisa diatasi dong dhewek emang wis siap ngadepi UN. Nah kiye ana Tips Sederhana kanggo ngadepi UN :
  1. Sinau
    Kiye tips sing paling penting loh kanca-kanca! Dong ora sinau, mengko dhewek ora bakalan bisa ngerjakna soal-soal UN. Sinaune sing teratur, aja sembarangan eben manjing neng pikirane dhewek;
  2. Sering Ngerjakna Soal-soal Latian Tips kiye bisa nuntun dhewek kanggo ngadepi soal-soal UN;
  3. Diskusi Diskusi karo kanca-kanca bisa nambah pengetahuane dhewek. Sing maune ora ngerti bisa dadi ngerti;
  4. Kursus / BimbelKursus/melu bimbel kanggo nambahi materi sing dikuasani;
  5. Atur Jadwal Jadwal kegiatan keh perlu loh cah... coba bae dhewek ora ngatur jadwal kegiatane dhewek, bisa-bisa morak-marik ora nggenah;
  6. Siap Fisik karo MentalKesiapan fisik karo mental kuwe perlu, ben dhewek ora kaget ngadepi UN;
  7. Njaga Kesehatan
    Jaga kesehatane, aja nganti dong pan UN meriang. Mangan, istirahat sing teratur;
  8. Njaluk RestuAja klalen njaluk restu maring wong tuwa, sedhulur-sedhulur, guru-guru, lan kanca-kanca;
  9. Do'a, Pendekatan Dhiri Marang Sing KuasaHal kiye ya penting nemen loh cah... Akeh-akeh manjatna do'a marang Gusti Allah, terus njalanaibadah sholat lan liya-liyane;
  10. Tawakal
    Dong wis nglakukna usaha karo do'a, sak uwise nyerahna dhiri marang Gusti Allah..

    Nah, nang ndhuwur mau kuwe tips sederhanane ngadepi UN. Semoga ana manfaate ya cah... Amin.. :)

Sabtu, 03 Maret 2012

Tegal Panggonanku

Urip neng Tegal kuwe nyenengi loh cah! :D
Emang sih Tegal kuwe kota cilik, tapi dong dideleng karo dirasakna manggon neng Tegal, suwe-suwe Tegal pan kaya metropolitan lho ! Keh cacak ya, saiki apa bae neng Tegal wis serba ana. Pan nggoleti sandangan sing gaul-gaul kaya neng kota-kota gedhe ya ana. Apa maning kulinere Tegal, keh wis komplit-komplit, sedep-sedep maning ! 
Dong wayah bengi, neng sakdawane dalan A Yani akeh nemen kweh lesehan-lesehan sing njajakna panganane wong Tegal. Neng daerah kono terkenale kawasan laka-laka, soale neng daerah kono ana slogan "TEGAL LAKA-LAKA", keren beleh cah? haha.
Tegal kuwe cocok didadekna kanggo Wisata Kuliner. Panganan neng kene kudu dicoba daning wong-wong njabane Tegal ! Panganane, waaah enak-enak pokoke :D
Tegal kuwe ora cuma kota kanggo transit tok, tapi tempat wisatane ana apa lho... 
Tegal kuwe sebenere ora cuma kota, neng Tegal keh ana ndesa-ndesane ana apa loh cah... Nganti daerah pegunungan, kuwe masih saknjerone Tegal ! Kweh ya cah, apa ora hebat? :D 
Nah, makane nyong seneng sih manggon neng Tegal. Jebule Tegal kuwe ora sempit, ora mboseni. Wong-wonge ya apik-apik, pada seneng silaturahmi maring sedhulur. Ayem pokoke urip neng Tegal :D haha